Senin, 01 September 2014

CRITA CEKAK



Crita cekak

Crita cekak yaiku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane utawa sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-cirine crita cekak yaiku critane ringkes, gegayutane karo lelakone manungsa, lan alur critane dumadi saka wiwitan, dredah, nganti ngrampungake prakara.

Unsur-unsur pambangun ing crita cekak antarane ing ngisor iki.
1.    Tema                   : gagasan penting sajroning crita
2.    Alur/plot             : lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas.
3.    Penokohan                   : nerangake watak wantune ( karakter ) para paraga.
4.    Latar/setting                 : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning crita.
5.    Sudhut pandang : carane panganggit nyritake critane.
6.    Amanat                : piwelinge penganggit marang kang maca crita iku.

Sawise mangerteni pangerten lan unsur-unsur kang mbangun crita cekak, kowe bisa ngapresiasi crita cekak kasebut. Apresiasi crita cekak yaiku kegiatan ngamati lan menehi pambiji marang wose crita cekak. Wos kang diapresiasi sajroning crita cekak biasane ngandhut nilai-nilai lan werdi. Nilai-nilai ing sajroning crita cekak kasebut ing ngisor iki.
1.    Nilai moral, yaiku wulangan ngenani becik, alane panindak, sikap, kuwajiban, akhlak, budi pakarti, lan kasusilan kang ditampa bebrayan.
2.    Nilai keagamaan, yaiku wulangan ngenani panghargaan dhuwur kang diwenehake dening warga masyarakat marang saperangan prakar pokok ing bebrayan keagamaan kang suci saengga bisa didadekake pepanthan kanggo tindak-tanduk kang ana gegayutane karo bebrayan kasebut.
3.     Nilai sosial, yaiku wulangan perangan-perangan kang ana gegayutane karo bebrayan agung.
4.     Nilai budaya, yaiku wulangan ngenani adhat-istiadhat kang katindakake ing sawijining dhaerah utawa negara kang ana gegayutane karo cara urip, cara mikir, lan cara kerja.



    Dene sinopsis yaiku ringkesan crita. Kang disebut ing synopsis bagean-bagean baku saka crita.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar